Selasa, 02 April 2013

Nyidam Sari

Cipt: Manthous

Umpomo Sliramu Sekar Melati…
Aku Kumbang Nyidam Sari..
Umpomo Sliramu Margi Wong Manis,
Aku seng bakal ngliwati..

Sineksen Lintange wluku.
Semono Janji Prasetyaning Ati
Tansah sumantar ing netra rinoso karoso rasaning griyo.
Midero Sak jagad royo..
Kalingono wukir Lan samudro..

Ora Ilang memanise aduh..
dadi ati selawase..
Naliko niro ing wengi Atiku..
Lam lam man siro wong ayu..
Nganti mati ora bakal Lali..
Lha Kae Lintange Mlaku.

Yen Ing Tawang Ana Lintang

Yen ing tawang ana lintang, cah ayu
aku ngenteni tekamu
marang mega ing angkasa
ingsun takokke pawartamu
Janji-janji aku eling, cah ayu
sumedhot rasane ati
lintang-lintang ngiwi-iwi, nimas
tresnaku sundhul wiyati
Dhek semana janjiku disekseni mega kartika
kairing rasa tresna asih
Yen ing tawang ana lintang, cah ayu
 rungokna tangising ati
binarung swarane ratri, nimas
ngenteni mbulan ndadari


Dhek semana janjiku disekseni mega kartika
kairing rasa tresna asih
Yen ing tawang ana lintang, cah ayu
rungokna tangising ati
binarung swaraning ratri
ngenteni mbulan ndadari..